Ojo nesu terus talah buk,
Aku ngerti kok aku gaiso ngatur waktu..
Akeh penggawean omah sing tak tunda soale saiki aku gampang kesel, gampang ngantuk..
Tak pentingno garap tugasku sing seabrek buk, mumpung aku durung kesel..
Aku yo kudu sinau dewe buk,
Maringene unas, aku durung siap blas.
Aku sumpek, ngelu, opo maneh lek nemu pelajaran sing aku ga ngerti blas.
Aku njaluk les yo piye ?
Aku gaiso nuntut akeh nang ibuk,
Ibuk mesti ngamuk pas aku mbahas kepingin les.
Buk,
Sakben dino aku sekolah, tugasku akeh, kudu sinau..
Aku kesel buk, tapi aku ga wadul.
Aku wes gede buk, ngerti tanggung jawab.
Lek wis tanggung jawabku yo mesti tak lakoni masio gak langsung ndang cepet.
Aku sering semoyo, garai mangkel ibuk..
Aku njaluk sepuro buk..
Ojo nesu..
Ojo nggondok..
Aku pancen akeh salahe buk,
Aku gaiso ngatur waktu, aku ga pinter, gaiso nyenengno wong tuo.
Aku koyok ngene iki bukane males, aku jungkir walik ngatur waktu gae tugas sekolah ambek tugas omah..
Ancen durung genah buk, tapi paling enggak aku wis usaha..
Buk,
Aku ga kepingin ibuk ngerti masalahku.
Masalahku ben dadi urusanku..
Tapi tulung aku ojo diamuk lek sinau, aku nelongso buk..
Aku gagal mbagi waktu sing bener..
Aku sayang ibuk, masio ibuk gak tau iso nerimo alasanku..
Masio ibuk ga tau nganggep aku bener..
Masio aku guduk prioritas, buk..
( ._.)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar